Gunung kelud
sing ana ing KEDIRI JAWA TIMUR iki paling akhir meletus nang taun 2007 nuli.Lan
saiki gunung kelud iidadi pachelaton ngenani Legenda Gunung Kelud.Crito rakyat saka kediri kanggo Jawa
Timur,Gunung Kelud dewe legenda dawa.Miturut sejarah gunung kelud asal usule
saka gundukan lemah ndhuwur secara alami,kaya gunung tangkuban perahu neng
Bandung,Jawa Barat.ASAL Usul gunung kelud kebentuk saka siji pengkhianatan
sawong putri sing jenenge DEWI KILISUCI MARANG RAJA SEKTI seng duwe jeneng
MAHESA SURO karo LEMBU SURO.
Dikisahne,DEWI
KILISUCI putri JENGGALA MANIK ing terkenal ayune,dilamar loro raja.Nanging sing
ngalamar dudu bangsa manungsa,sing siji duweni sirah sapi jenenge lembu
suro,lan sing sijine duweni sirah kebo jenenge mahesa suro.Legenda Gunung Kelud
mau dibacutka kanti anane sayembara sing ora mungkin dikerjakne dening manungsa
biasa marang wong loro mau,tujuane DEWI KILISUI yaiku kanggo nolak lamaran kang
mau,yaiku kanggo gawe sumur 2 neng duwur puncak GUNUNG KELUD,sing siji kudu
mambu wangi lan sing sijine kudu mambu amis,pakerjan iku mau kudu wes mari
sewengi wates yaiku sak
durunge jago
kluruk.AKHIRE,kanti kesektene Mahesa Sura lan Lembu sura,sayembara maeng disaguhi.sakwise,munggah
neng duwur Gunung Kelud,rojo loro mau menangi sak njerone sayembara.Nanging
dewi Kilisuci isih durung gelem dirabi marang raja loro maeng,banjur Dewi
Kilisuci maeng ngajokne siji penjalukan maneh,yaiku rojo loro maeng kudu
mbuktekakhe dikhik yen sumur loro mau mambu wangi lan amis kanthi car mlebu ing
njero sumur.
Amarga,terpedaya
karo rayuane Dewi Kilisuci maeng,banjur rojo loro maeng mlebu njero sumur sing
jeru banget.Sakwise,nek jero sumur sing jeru banget, banjur Dewi Kilisuci
mrintahake prajurit jenggala kanggo nguruki raja loro maeng kanti watu lan bata
kang ana ing sandinge.
|
‘’YOH, wong
kediri mbesuk bakal pethuk piwalesku sing unine,KEDIRI bakal dadi
KALI,BLITAR dadi latar,TULUNGAGUNG dadi KEDUNG’’.
|
No comments:
Post a Comment